Rabu, 27 Januari 2021

KELAS 3 BAHASA JAWA (MANGERTI JINISE UKARA)

 

MANGERTI JINISE UKARA

Jinise ukara ana telu, ukara andharan, ukara pitakon, lan ukara patokan.

1.    Ukara Andharan

Ukara andharan yaiku ukara kang isine menehi weruh marang wong kang diajak guneman utawa wong kang maca. Ukara andharan panulise ditutup nganggo titik (.)
(Ukara andharan adalah kalimat pernyataan. Kalimat ini digunakan saat menceritakan sesuatu atau kejadian. Sifatnya informatif. Ukara andharan dapat berdiri sendiri dan menyatakan makna yang utuh).

Tuladha:

- Bu Guru maringi PR kagem ngenjang
- Ibu mirsani TV wonten kamar
- Kembange mbak Dian akeh sing layu
- Masakanku rasane enak
- Bu Tejo arep nyalon lurah tahun ngarep

2.     
Ukara Pitakon

Ukara pitakon yaiku ukara kang isine nyuwun katrangan marang wong kang diajak guneman utawa wong kang maca. Ukara pitakon panulise ditutup nganggo tandha pitakon (?)  

(Ukara Pitakon adalah kalimat tanya. Cirinya menggunakan kata tanya di akhir kalimat. Digunakan untuk bertanya).

Tuladha:

- Mas Fajar sampun siram?
- Tugase dikumpulke kapan?
- Alamate kancamu endi?
- Panganan kuwi jenenge apa?
- Oleh-oleh khas Solo apa wae?

3.      Ukara Pakon

Ukara pakon yaiku ukara kang isine mrentah marang wong sing diajak guneman utawa wong sing maca. Pungkasane ukara pakon nganggo tandha pakon (!)

(Ukara pakon ini merupakan kalimat yang digunakan untuk menyuruh orang lain melakukan sesuatu. Cirinya adalah menggunakan kata seru di akhir kalimat dan menggunakan intonasi yang lebih keras). 

Tuladha:

- Ojo nonton TV terus!
- Menengo!
- Ngaliho!
- Tutupen jendelo kuwi!
- Pateni laptope!

Bocah – bocah ayo nindakake latihan soal ing kaca 9 - 10, ojo lali

sadurunge sinau ndonga dhisik yaa...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar