Kamis, 21 Januari 2021

KELAS 3 BAHASA JAWA (JINISE TEMBUNG ING BASA JAWA)



JINISE TEMBUNG ING BASA JAWA

Jinise tembung ing basa jawa iku akeh. Ing piwulang iki disinau saperangan wae yaiku tembung aran, tembung kriya, tembung kahanan lan tembung katrangan.

1.Tembung Aran.
Tembung Aran yaiku tembung sing nerangke kabeh barang (yang menerangkan kata benda)
Tuladha Tembung Aran
- Sepatu
-
Pot 
-
Lawang
-
Meja
-
Kursi

2. Tembung Kriya
Tembung Kriya yaiku tembung kang nerangke pagawean utawa tembung  ingkang Mratelake Solah bawa atau dalam bahasa Indonesia Tembung kriya adalah kata kerja
Tuladha Tembung Kriya
- Maca
- Nulis
- Sinau
- Macul
- Mangan

3. Tembung Kahanan
Tembung Kahanan Yaiku tembang sing nerangke sifat utowo ketahanan atau bahasa indonesia menjelaskan tentang “Kata Keadaan“
Tuladha Tambung Kahanan
-
Garing
-
Teles
-
Panas
-
Adem
-
Sabar

4. Tembung Katrangan ( kata keterangan )
Tembung Katrangan yaiku tembung jawa ingkang nerangke tembung aran, tembung kahanan lan tembung kriya

GLADHEN
Tuladha:
1. Nina budhal sekolah
Nina                 = tembung aran (tembung sesulih)
budhal             = tembung kriya
sekolah            =tembung aran

2. Ibu ngunjuk jampi
Ibu                   = tembung aran (tembung sesulih)
ngunjuk           = tembung kriya
jampi               = tembung aran

Bocah – bocah ayo nindakake latihan soal ing kaca 8-9, ojo lali 
sadurunge sinau ndonga dhisik yaa...

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar